
Jeneng kuwi nyandang nasib masa depan sing duwe jeneng (yen percoyo, ning yo ora ana salahe yen percoyo).
Dasare petungan Huruf Jawa lan Neptu
Huruf Jawa:
1 2 3 4 5
Ha Na Ca Ra Ka
Da Ta Sa Wa La
Pa Da Ja Ya Nya
Ma Ga Ba Tha Nga
Neptu :
1.Sri 2.Lungguh 3.Donya 4.Lara 5.Pati
Carane ngetung:
Conto :
A. Sinung Rahardjo, Sing dijupuk huruf Si, urutan Huruf Jawa Sa=3 lan Djo, urutan Huruf Jawa Ja = 3; dijumlah 3+3 = 6.
Angka 6 iki dibagi 5 turah siji, dadi podo karo Neptu 1 utowo Sri
B. Kustiati, dijupuk Kus pada karo Ka = 5 Ti pada karo Ta = 2, gunggung 5+2 = 7 dibagi 5 turah 2, dadi Neptune Lungguh
C. Dody Astabuana, Jeneng monco ora isa dietung, dadi sing dietung As, pada karo Ha = 1 lan Na pada karo Na = 2, gunggung 1+2 = 3,
amargo kurang saka lima ora dibagi 5, dadi Neptune 3 Donya. Sing dikurangi lima yen gunggunge luwih saka 5.
Sing becik tibane Neptu 1/Sri lan 3/Donya.
Saiki coba itungen dewe: PakubuaNa, MangkunegaRa, HamengkubuaNa, DiponegoRo,
(Sopo sing kebacut lan arep ganti jeneng mesti dikukuhkan nganggoslametan neng notaris)
1 comment:
nami kula Mahar Prastowo, sing di etung aksara napa kemawon mbah 'remen'njawil?
[awas yen ala petungane blog-ipun kula tutup, hacker je]...
guyon mbah. maturnuwun sakderengipun.
Post a Comment